Himalaya
Rabu, 21 Februari 2018
Himalaya: Palgunadi Anggraini
Himalaya: Palgunadi Anggraini: Palgunadi-Anggraini Keterangan: Bedhol kayon, iringan menjadi sinom laras pelog pathet nem. Prabu Palgunadi tampil dari gawang kana...
Palgunadi Anggraini
Palgunadi-Anggraini
Keterangan:
Bedhol kayon, iringan menjadi sinom laras pelog pathet nem. Prabu Palgunadi
tampil dari gawang kanan lalu Dewi Anggraini tampil dari gawang kiri. Keduanya
melakukan adegan roman yang diwujudkan dalam sabet. Setelah adegan roman, Prabu
Palgunadi tanceb di gawang kanan lalu Dewi Anggraini tanceb di gawang kiri.
Iringan suwuk lalu suluk Plencung wetah Laras Pelog Pathet Nem. Setelah selesai
suluk, dilanjutkan ginem.
Palgunadi:
Nimas, wong ayu jejimate tilam rum kang banget tak tresnani. Lintang-lintang
kang abyor ing tawang kae, umpama ndarbeni pangrasa, mesthi wae kebidhung
marang citramu. Awit kaguling sulistyaning ayumu yayi.
Anggraini:
Duh sinuwun, ampun paring pangalembana. Kula malah kalingseman mangke.
Palgunadi:
Nadyan sliramu kalingseman, nanging malah dadi ayu lan pantese. Dhasare kembang
arum kang nedheng-nedhenge mekar, nganti gandane ngebaki wewengkon Praja Parangggelung.
Anggraini:
Kula amung wanita limrah, wanita prasaja kang kajugrugan wukir sari. Wanita
ingkang panggih kabegjan karana dados prameswari nipun ratu agung, nanging lumampah
bebrayan kanthi watak prasaja.
Palgunadi:
Ora yayi. Ingsun dudu pawongan kang ndarbeni kawibawan linuwih, jalaran amung
ratu cilik kang pasrah sumarah sakabehe lelakon marang kang akarya jagad.
Anggraini: Nanging
paduka menika kalebet ratu ingkang taberi babagan mersudi kawruh.
Palgunadi:
Iya yayi. Dina iki kebeneran kakang wus antuk nugrahaning Dewa. Wujuding
kalpika kang aran ali-ali sesotya nimpal, kang ndayani titis angolah jemparing.
Anggone kakang antuk nugraha iki, merga saka pangimpen ketemu klawan pandhita
linangkung, peparab Pandhita Drona saka Pertapan Sokalima. Mila saka kuwi yayi,
kakang pamit budhal marang Sokalima, saperlu angantebi anggone olah kridhaning jemparing.
Umpama sliramu tak kanthi kepriye?.
Anggraini:
Sumangga kula dherekaken sinuwun.
Palgunadi:
Yawes. Ayo budhal bebarengan angupadi guru sejati yayi.
Keterangan:
Iringan Srepeg laras slendro pathet nem.
Prabu Palgunadi dan Dewi Anggraini dientas ke gawangan kiri. Iringan
menjadi Ladrang Gonjangseret Laras Slendro Pathet Manyura. Pandhita Drona
tanceb di gawang kanan, Raden Arjuna tanceb di gawang kiri. Iringan sirep lalu
janturan.
Janturan
Angin sumilir mimbuhi rasa hening. Gegodhongan
katon ijo royo-royo. Pari kuning gumrining kaya mas sinangling ,
lumembak-lembak kaya samodra pasang. Pancuran tirta wening hanjog ing sela
gilang, dadya sumber panguripane kawula ing laladan pertapan Sokalima. Dhasar
pertapan ageng kang kuncara sajroning bawana. Kondhang ngumandhang sakiwa
tengene negara nganti teka desa ngadesa. Sinten ingkang lenggah seba aneng
Pertapan Sokalima, nenggih menika putra siswa kinasih, panengah Pandhawa Raden
Arjuna, kang nedya paring miterang babagan olah kridhaning jemparing. Nalika
aneng tengah-tengahing wawansabda, prenjake padha ngganter, jagone padha
tarung, paring sasmita yenta bakal bakal ketekan pawongan kang nedya andayoh.
Mboten pantara dangu ketekan rawuhnya Prabu Palgunadi saking Negari
Paranggelung, ingkang nedya ngrembag sawijining perkawis. Gupuh-gupuh nggenya
ngacarani.
Keterangan:
Gendhing udhar, Prabu Palgunadi tampil dari gawangan kiri tanceb di depan Raden
Arjuna. Iringan suwuk dilanjutkan Pathet Nem Jugag Laras Slendro Pathet Nem.
Drona:
Lole-lole. Emprit ganthil buntute omah joglo wana dadi alas alas dadi wana
njebebeg hawelah-hawelah. Nuwun sewu kisanak. Nitik saking pengagem sarta
busana, paduka menika kalebet salah satunggiling ratu kang hambeg paramarta.
Mboten ateges kula mitambuh dhasar kula dereng wanuh. Sinten ingkang dados
jejuluk paduka sang Prabu.
Palgunadi: Inggih.
Nuwun sewu panembahan, ampun paring pangalembana linangkung kados mekaten,
karana ula menika amung sadrajat ratu alit saking Negari Paranggelung. Dene
kang sudi amastani kula Prabu Palgunadi inggih Prabu Ekalaya.
Drona:
Umpami mboten klintu, Negari Paranggelung menika kalebet perangan Suku Nisadha.
Leres menapa mboten?.
Palgunadi: Inggih
lakar kados mekaten panembahan. Menapa leres menika Pertapan Sokalima lan
paduka ingkang peparab Resi Drona?.
Drona:
Inggih dhasar mekaten ingkang dados kasunyatanipun. Kula piyambak ingkang
peparab Resi Drona, minangka dados paranpara wonten Pertapan Sokalima mriki.
Wonten keparenging wigatos ingkang kados pundi sang Prabu?.
Palgunadi:
Adhuh panembahan. Adoh kedarang-darang lampah kula saking wewengkon Nisadha,
gegayuhan kula amung kepingin suwita dados siswa paduka babagan olah kridhaning
jemparing panembahan.
Drona:
Hemb, sang Prabu, andadosna ing kawuningan, bilih kula dados dwija menika amung
kagem trahing wangsa kuru, nenggih menika Pandhawa kalihan Kurawa. Dados kula
nyuwun samodra pangaksami kula mboten saget suwita paduka dados siswa Paguron
Sokalima.
Palgunadi:
Adhuh panembahan, beteke kula menika nedya suwita karana asma paduka arum
dumugi negari kula Paranggelung. Lan kula anggladhi olah kridhaning jemparing
menika amung kagem betenging Negari Paranggelung. Mboten kagem nggebag mengsah
ngelar jajahan panembahan.
Keterangan:
Dalang melantunkan Ada-Ada Jugag Laras Slendro Pathet Nem, dilanjutkan pocapan.
Pocapan
Rumaos den kembari Risang Arjuna.
Nulad glagat lan pakartine Prabu Palgunadi, drengki srei dadi sawiji. Tuwuh
raosing kabranang mawa panas, satemah darbe panyakrabawa badhe ngendhih kawibawane dados lelanange jagat. Wauta,
cinandhak busanane, rinegem mustakane linarak medal jawi.
Arjuna:
Heh Palgunadi metu njaba.
Keterangan:
Sampak Laras Slendro Pathet Nem, Prabu Palgunadi diseret keluar oleh Raden
Arjuna. Iringan suwuk, dilanjutkan ada-ada greget saut sanga lawas, lalu ginem.
Arjuna:
Dusmalaningrat leketheking jagat. Paguron Sokalima wus tentrem, jebul
kethukulan kemladeyan saka njaban rangkah. He Palgunadi.
Palgunadi:
Nuwun wonten dhawuh raden, mboten ateges kula mitambuh, sinten ingkang dados
kekasih paduka?.
Arjuna:
Aku panengah Pandhawa Raden Arjuna. Apa kowe ora krungu, yenta Bapa Drona wus paring
dhawuh , ora nampa siswa anyar saka liyane trah
Wangsa Kuru?.
Palgunadi:
Dhuh raden, nyuwun pangapunten kaladuking patrap kula. Nanging kula amung
kepingin angudi titising jemparing supados saget dados bentenging Negari
Paranggelung raden.
Arjuna:
Keparat kaya lanang-lanango dewe. Ucapmu medhang miring nanging landhep kaya
siladan. Ibarat padha-padha jago wiring kuning , ayo adu landhepe jalu.
Palgunadi:
Adhuh raden, sowan kula menika linandhasan budi rahayu. Kula mboten purun
dak-dakaning pasulayan.
Arjuna:
Ndremimil ucapmu ora susah gunem tanpa guna, ayo tetepungan kanthi cara satria.
Keterangan:
Srepeg Laras Slendro Pathet Sanga. Raden Arjuna bertarung dengan Prabu
Palgunadi. Raden Arjuna terkena panah Prabu Palgunadi kemudian terpelanting hingga
di depan Pandhita Drona. Iringan suwuk dilanjutkan Ada-Ada Sanga Jugag Laras
Slendro Pathet Sanga lalu ginem.
Arjuna:
Adhuh Bapa panembahan, kapejahana kula ndhedherek.
Drona:
O..lole-lole. Anaku ngger Arjuna kowe ngapa ngger. Teka-teka njaluk marang Bapa
ki kepriye?.
Arjuna:
Bapa Drona, kula kasoran tandhing yudha klawan Ekalaya. Tinimbang urip andedawa
wirang, luwih becik kula mungkasi gesang.
Drona:
Lho-lho aja mupus ngger. Kudune kowe kuwi ngundhakne anggone mersudi kawruh.
Ora malah kepingin lampus dhiri kaya ngono kuwi.
Arjuna:
Kepripun nek mboten kepingin lampus dhiri, Palgunadi ndarbeni cincin sesotya
nimpal, kang mimbuhi titis olah jemparing. Paduka riyen nate sumpah prasapa,
bilih amung kula ingkang bakal kadadosaken lelananging jagat, utaminipun wonten
ing babagan olah kridhaning jemparing. Umpami wonten ingkang linangkung unggul
tinimbang Arjuna, lajeng kados pundi gelar lelanange jagat mangke?.
Drona:
O..lole-lole, ayo di prepegi ratu Paranggelung kae ngger.
Keterangan:
Iringan menjadi Srepeg Laras Slendro Pathet Sanga. Pandhita Drona dan Arjuna
dientas ke gawangan kiri. Prabu Palgunadi bertemu dengan Dewi Anggraini,
iringan menjadi Ayak-Ayak Laras Slendro Pathet Sanga. Iringan suwuk lalu
dilanjutkan Pathet Sanga Jugag Laras Slendro Pathet Sanga, dilanjutkan ginem.
Palgunadi:
Yayi Anggraini, suwitaku mring Bapa Drona ditampik, kakang ora dikeparingake
dadi siswa Paguron Sokalima.
Anggraini:
Kok saget mekaten menika pripun kakang?.
Palgunadi:
Iya, jalaran Pandhita Drona amung dadi dwijane para wangsa kuru, yaiku Pandhawa
lan Kurawa. Malah iki dina kakang bibar pasulayan klawan panengahe Pandhawa
Raden Arjuna, kang rumangsa den kembari dadi lelanange jagat.
Anggraini:
Lajeng kados pundi prayoginipun lampah kakang?.
Palgunadi:
Yowes. Ayo bali marang Praja Paranggelung yayi. Selak kapitunan umpama
diterus-terusake aneng Sokalima.
Pocapan
Lah ing kana ta wau, nedheng imbal
wacana nenggih Prabu Palgunadi miwah Dewi Anggraini. Ketekan rawuhnya Pandhita
Drona sarta satria panengah Pandhawa, ewuh aya anggenipun nanduki.
Keterangan:
Iringan menjadi srepeg laras slendro pathet sanga. Pandhita Drona dan Raden
Arjuna tampil dari gawangan kanan. Pandhita Drona tanceb di gawang kanan di
debog atas, sedangkan Raden Arjuna di belakang Pandhit Drona pada debog bawah.
Prabu Palgunadi dan Dewi Anggraini tanceb di gawang kiri pada ebog bawah.
Iringan suwuk lalu ginem.
Drona:
Anakku ngger Palgunadi. Sira bakal menyang ngendi ngger?.
Palgunadi:
Dhuh Bapa Panembahan, kula nedya wangsul dhumateng Negari kula Paranggelung,
karana kula sanest rah saking wangsa kuru.
Drona:
Ora ngger ora. Sejatine Bapa iki mau amung nodhi sepira antebing tekadmu
anggone kepingin dadi siswa paguron sokalima.
Palgunadi:
Dados sakmenika kula dipun tampi, suwita wonten Paguron Sokalima?
Drona:
Iya ngger. Sira wus tak tampa dadi siswa Sokalima.
Palgunadi:
Adhuh, ngaturaken gunging panuwun Bapa.
Keterangan:
Iringan menjadi Sampak Laras Slendro Pathet Sanga. Iringan suwuk lalu ginem.
Drona:
Iya-iya ngger. Yen sira wus tak tampa dadi siswa Sokalima, apa paitane anggone
dadi siswa?.
Palgunadi:
Inggih. Paitanipun tiyang suwita dados siswa menika ngestokaken dhawuhipun
dwija, sarta saget ngregani dhumateng padha-padhaning siswa.
Drona:
Saiki yen kowe pancen bekti marang Pandhita Drona, umpama bandhamu tak jaluk,
apa sira saguh ngulungake?.
Palgunadi:
Inggih kula sagah.
Drona:
Bagus. Saiki aku takon. Sira darbe kaluwihan babagan olah kridhaning jemparing
saka sapa ngger?.
Palgunadi:
Adhuh Bapa, sejatosipun kula namung gegladhen satengahing wana ing wewengkon
Nisadha, ngantos kula rumaos sayah lajeng katileman. Jroning supena kados
kepanggih paduka lajeng paring kanugrahan wujuding cincin sesotya nimpal
ingkang wonten jempol tengen kula menika.
Drona:
Yen umpama sira wenehake muridku Arjuna, apa sira saguh ngulungake.
Palgunadi:
Adhuh Bapa, menika sesambetan kalihan gesang kula piyambak.
Drona: Yen
kowe ora saguh, balia marang Parangggelung.
Keterangan:
Iringan menjadi Sendhon Tlutur Laras Slendro Pathet Manyura, dilanjutkan Srepeg
Tlutur Laras slendro Pathet Manyura. Drona kemudian mdientas kegawangan kanan.
Iringan sirep dilanjutkan pocapan sebagai berikut.
Pocapan
Gemeter sarirane. Riwe gunrojog
sakojur anggane. Eling-eling cincin sesotya nimpal gegepokan klawan kasugengane
sang Prabu Palgunadi. Kaya linolosan otot bebayune. Sinendhal ingkang kaplika,
dhawah tibeng kisma dadya margining palastra, njerit sang Dewi Anggraini.
Anggraini: Adhuh
sinuwun.
Keterangan:
iringan menjadi Sampak Tlutur Laras Slendro Pathet Manyura. Dewi Anggraini
kemudian memeluk jasat Prabu Palgunadi. Iringan suwuk dilanjutkan Ada-Ada
Tlutur Laras Slendro Pathet Manyura lalu ginem.
Arjuna:
Sang Dewi, kepriye kasugengane Prabu Palgunadi?.
Anggraini:
Raden, sinuwun Prabu Palgunadi sampun dumugi palastra, karana cincin
setyanimpal menika gegandhengan kalihan gesangipun kaka Prabu Palgunadi raden.
Arjuna:
Adhuh. Apuranen dosaku sang Dewi. Aku ora nyana yenta kaya ngene dadine.
Keterangan:
Iringan menjadi Sampak Tlutur Laras Slendro Pathet Manyura, kemudian sirep
menjadi Srepeg Tlutur Laras Slendro Pathet Manyura.setelah sirep dilanjutkan
ginem.
Anggraini:
Sakmenika kula pasrahaken cincin setyanimpal dhumateng paduka. Kula sakmenika
sampun mboten gadhah pangayoman raden. Kula pamit badhe wangsul dhateng
Paranggelung kalihan layonipun kakang Prabu Palgunadi.
Arjuna:
Sang dewi. Ingsun nedya nanggung perkara iki. Ora ates kurang trapsila, nanging
gelema dak pundhut garwa, minangka kanggo nebus dosaku marang yayi Prabu
Palgunadi.
Keterangan:
Iringan Menjadi Sampak Tlutur Laras Slendro Pathet Manyura. Dewi Anggraini
pindah tanceban dari debog bawah pindah di debog atas. Iringan suwuk lalu
ginem.
Anggraini: Raden
Arjuna, aja kaget yen tak jabel basaku. Jebul kaya mangkana kang dadi patrape
panengah pandhawa. Kowe wus mateni garwaku, ngrebut piyandele sinuwun Prabu
Palgunadi, banjur saiki nkowe arep ngobak-ngobak kasetyane Anggraini kanthi
tembung nebus dosa, oh Arjuna Arjuna. Pinter temen anggonmu ngrengga tembung
manis klawan wanita, nanging eling-elingen aku dudu wanita lelemeran.
Arjuna:
Sang Dewi. Aku tumus lahir batin anggonku nebus kaluputanku. Ora ana ceceging
rasaku ngumbar hawa napsu marang sliramu sang Dewi.
Anggraini:
Bola-bali sipate wong lanang, tembunge manis ngarep nanging mawa darubeksi.
Kowe wus ngejur-ngejur rasaku. Tinimbang aku suwita Arjuna, luwih becik aku
suwita bantala.
Arjuna:
Adhuh aja sang Dewi.
Keterangan:
Iringan menjadi Sampak Tlutur Laras Slendro Pathet Manyura. Dewi Anggraini
mencabut keris lalu bunuh diri. Jasad Dewi Anggraini kemudian bersandingan
dengan Prabu Palgunadi. Iringan singget dilanjutkan Ketawang Puputpati Laras
Slendro Pathet Manyura. Gendhing
kemudian sirep, dilanjutkan pocapan.
Pocapan.
Sirna saking pandulu, mancat alam
kamukswan manggih kaswargan jati. Nenggih Prabu Palgunadi sinisihan klawan
ingkang garwa Dewi Anggraini. Cumlorot ing gegana dadya ndaru kartika. Minangka
lambanging kasetyan. Ya setya mring guru sejati, ya setya mring garwa sejati.
Kagyat Risang Arjuna kalingseman jroning galih.
Keterangan:
Iringan menjadi Sampak Laras Slendro Pathet Manyura. Kayon kemudian tanceb di
tengah kelir. Sebagai tanda pagelaran berakhir.
Langganan:
Postingan (Atom)