Rabu, 21 Februari 2018

Palgunadi Anggraini

Palgunadi-Anggraini
Keterangan: Bedhol kayon, iringan menjadi sinom laras pelog pathet nem. Prabu Palgunadi tampil dari gawang kanan lalu Dewi Anggraini tampil dari gawang kiri. Keduanya melakukan adegan roman yang diwujudkan dalam sabet. Setelah adegan roman, Prabu Palgunadi tanceb di gawang kanan lalu Dewi Anggraini tanceb di gawang kiri. Iringan suwuk lalu suluk Plencung wetah Laras Pelog Pathet Nem. Setelah selesai suluk, dilanjutkan ginem.

Palgunadi: Nimas, wong ayu jejimate tilam rum kang banget tak tresnani. Lintang-lintang kang abyor ing tawang kae, umpama ndarbeni pangrasa, mesthi wae kebidhung marang citramu. Awit kaguling sulistyaning ayumu yayi.

Anggraini: Duh sinuwun, ampun paring pangalembana. Kula malah kalingseman mangke.

Palgunadi: Nadyan sliramu kalingseman, nanging malah dadi ayu lan pantese. Dhasare kembang arum kang nedheng-nedhenge mekar, nganti gandane ngebaki wewengkon Praja Parangggelung.

Anggraini: Kula amung wanita limrah, wanita prasaja kang kajugrugan wukir sari. Wanita ingkang panggih kabegjan karana dados prameswari nipun ratu agung, nanging lumampah bebrayan kanthi watak prasaja.

Palgunadi: Ora yayi. Ingsun dudu pawongan kang ndarbeni kawibawan linuwih, jalaran amung ratu cilik kang pasrah sumarah sakabehe lelakon marang kang akarya jagad.

Anggraini: Nanging paduka menika kalebet ratu ingkang taberi babagan mersudi kawruh.

Palgunadi: Iya yayi. Dina iki kebeneran kakang wus antuk nugrahaning Dewa. Wujuding kalpika kang aran ali-ali sesotya nimpal, kang ndayani titis angolah jemparing. Anggone kakang antuk nugraha iki, merga saka pangimpen ketemu klawan pandhita linangkung, peparab Pandhita Drona saka Pertapan Sokalima. Mila saka kuwi yayi, kakang pamit budhal marang Sokalima, saperlu angantebi anggone olah kridhaning jemparing. Umpama sliramu tak kanthi kepriye?.
Anggraini: Sumangga kula dherekaken sinuwun.

Palgunadi: Yawes. Ayo budhal bebarengan angupadi guru sejati yayi.

Keterangan: Iringan Srepeg laras slendro pathet nem.  Prabu Palgunadi dan Dewi Anggraini dientas ke gawangan kiri. Iringan menjadi Ladrang Gonjangseret Laras Slendro Pathet Manyura. Pandhita Drona tanceb di gawang kanan, Raden Arjuna tanceb di gawang kiri. Iringan sirep lalu janturan.

Janturan

            Angin sumilir mimbuhi rasa hening. Gegodhongan katon ijo royo-royo. Pari kuning gumrining kaya mas sinangling , lumembak-lembak kaya samodra pasang. Pancuran tirta wening hanjog ing sela gilang, dadya sumber panguripane kawula ing laladan pertapan Sokalima. Dhasar pertapan ageng kang kuncara sajroning bawana. Kondhang ngumandhang sakiwa tengene negara nganti teka desa ngadesa. Sinten ingkang lenggah seba aneng Pertapan Sokalima, nenggih menika putra siswa kinasih, panengah Pandhawa Raden Arjuna, kang nedya paring miterang babagan olah kridhaning jemparing. Nalika aneng tengah-tengahing wawansabda, prenjake padha ngganter, jagone padha tarung, paring sasmita yenta bakal bakal ketekan pawongan kang nedya andayoh. Mboten pantara dangu ketekan rawuhnya Prabu Palgunadi saking Negari Paranggelung, ingkang nedya ngrembag sawijining perkawis. Gupuh-gupuh nggenya ngacarani.

Keterangan: Gendhing udhar, Prabu Palgunadi tampil dari gawangan kiri tanceb di depan Raden Arjuna. Iringan suwuk dilanjutkan Pathet Nem Jugag Laras Slendro Pathet Nem.

Drona: Lole-lole. Emprit ganthil buntute omah joglo wana dadi alas alas dadi wana njebebeg hawelah-hawelah. Nuwun sewu kisanak. Nitik saking pengagem sarta busana, paduka menika kalebet salah satunggiling ratu kang hambeg paramarta. Mboten ateges kula mitambuh dhasar kula dereng wanuh. Sinten ingkang dados jejuluk paduka sang Prabu.

Palgunadi: Inggih. Nuwun sewu panembahan, ampun paring pangalembana linangkung kados mekaten, karana ula menika amung sadrajat ratu alit saking Negari Paranggelung. Dene kang sudi amastani kula Prabu Palgunadi inggih Prabu Ekalaya.

Drona: Umpami mboten klintu, Negari Paranggelung menika kalebet perangan Suku Nisadha. Leres menapa mboten?.

Palgunadi: Inggih lakar kados mekaten panembahan. Menapa leres menika Pertapan Sokalima lan paduka ingkang peparab Resi Drona?.

Drona: Inggih dhasar mekaten ingkang dados kasunyatanipun. Kula piyambak ingkang peparab Resi Drona, minangka dados paranpara wonten Pertapan Sokalima mriki. Wonten keparenging wigatos ingkang kados pundi sang Prabu?.

Palgunadi: Adhuh panembahan. Adoh kedarang-darang lampah kula saking wewengkon Nisadha, gegayuhan kula amung kepingin suwita dados siswa paduka babagan olah kridhaning jemparing panembahan.

Drona: Hemb, sang Prabu, andadosna ing kawuningan, bilih kula dados dwija menika amung kagem trahing wangsa kuru, nenggih menika Pandhawa kalihan Kurawa. Dados kula nyuwun samodra pangaksami kula mboten saget suwita paduka dados siswa Paguron Sokalima.

Palgunadi: Adhuh panembahan, beteke kula menika nedya suwita karana asma paduka arum dumugi negari kula Paranggelung. Lan kula anggladhi olah kridhaning jemparing menika amung kagem betenging Negari Paranggelung. Mboten kagem nggebag mengsah ngelar jajahan panembahan.

Keterangan: Dalang melantunkan Ada-Ada Jugag Laras Slendro Pathet Nem, dilanjutkan pocapan.

Pocapan

            Rumaos den kembari Risang Arjuna. Nulad glagat lan pakartine Prabu Palgunadi, drengki srei dadi sawiji. Tuwuh raosing kabranang mawa panas, satemah darbe panyakrabawa badhe ngendhih  kawibawane dados lelanange jagat. Wauta, cinandhak busanane, rinegem mustakane linarak medal jawi.

Arjuna: Heh Palgunadi metu njaba.

Keterangan: Sampak Laras Slendro Pathet Nem, Prabu Palgunadi diseret keluar oleh Raden Arjuna. Iringan suwuk, dilanjutkan ada-ada greget saut sanga lawas, lalu ginem.

Arjuna: Dusmalaningrat leketheking jagat. Paguron Sokalima wus tentrem, jebul kethukulan kemladeyan saka njaban rangkah. He Palgunadi.

Palgunadi: Nuwun wonten dhawuh raden, mboten ateges kula mitambuh, sinten ingkang dados kekasih paduka?.

Arjuna: Aku panengah Pandhawa Raden Arjuna. Apa kowe ora krungu, yenta Bapa Drona wus paring dhawuh , ora nampa siswa anyar saka liyane trah  Wangsa Kuru?.

Palgunadi: Dhuh raden, nyuwun pangapunten kaladuking patrap kula. Nanging kula amung kepingin angudi titising jemparing supados saget dados bentenging Negari Paranggelung raden.
Arjuna: Keparat kaya lanang-lanango dewe. Ucapmu medhang miring nanging landhep kaya siladan. Ibarat padha-padha jago wiring kuning , ayo adu landhepe jalu.

Palgunadi: Adhuh raden, sowan kula menika linandhasan budi rahayu. Kula mboten purun dak-dakaning pasulayan.

Arjuna: Ndremimil ucapmu ora susah gunem tanpa guna, ayo tetepungan kanthi cara satria.

Keterangan: Srepeg Laras Slendro Pathet Sanga. Raden Arjuna bertarung dengan Prabu Palgunadi. Raden Arjuna terkena panah Prabu Palgunadi kemudian terpelanting hingga di depan Pandhita Drona. Iringan suwuk dilanjutkan Ada-Ada Sanga Jugag Laras Slendro Pathet Sanga lalu ginem.

Arjuna: Adhuh Bapa panembahan, kapejahana kula ndhedherek.

Drona: O..lole-lole. Anaku ngger Arjuna kowe ngapa ngger. Teka-teka njaluk marang Bapa ki kepriye?.

Arjuna: Bapa Drona, kula kasoran tandhing yudha klawan Ekalaya. Tinimbang urip andedawa wirang, luwih becik kula mungkasi gesang.

Drona: Lho-lho aja mupus ngger. Kudune kowe kuwi ngundhakne anggone mersudi kawruh. Ora malah kepingin lampus dhiri kaya ngono kuwi.

Arjuna: Kepripun nek mboten kepingin lampus dhiri, Palgunadi ndarbeni cincin sesotya nimpal, kang mimbuhi titis olah jemparing. Paduka riyen nate sumpah prasapa, bilih amung kula ingkang bakal kadadosaken lelananging jagat, utaminipun wonten ing babagan olah kridhaning jemparing. Umpami wonten ingkang linangkung unggul tinimbang Arjuna, lajeng kados pundi gelar lelanange jagat mangke?.
Drona: O..lole-lole, ayo di prepegi ratu Paranggelung kae ngger.

Keterangan: Iringan menjadi Srepeg Laras Slendro Pathet Sanga. Pandhita Drona dan Arjuna dientas ke gawangan kiri. Prabu Palgunadi bertemu dengan Dewi Anggraini, iringan menjadi Ayak-Ayak Laras Slendro Pathet Sanga. Iringan suwuk lalu dilanjutkan Pathet Sanga Jugag Laras Slendro Pathet Sanga, dilanjutkan ginem.

Palgunadi: Yayi Anggraini, suwitaku mring Bapa Drona ditampik, kakang ora dikeparingake dadi siswa Paguron Sokalima.

Anggraini: Kok saget mekaten menika pripun kakang?.

Palgunadi: Iya, jalaran Pandhita Drona amung dadi dwijane para wangsa kuru, yaiku Pandhawa lan Kurawa. Malah iki dina kakang bibar pasulayan klawan panengahe Pandhawa Raden Arjuna, kang rumangsa den kembari dadi lelanange jagat.

Anggraini: Lajeng kados pundi prayoginipun lampah kakang?.

Palgunadi: Yowes. Ayo bali marang Praja Paranggelung yayi. Selak kapitunan umpama diterus-terusake aneng Sokalima.



Pocapan

            Lah ing kana ta wau, nedheng imbal wacana nenggih Prabu Palgunadi miwah Dewi Anggraini. Ketekan rawuhnya Pandhita Drona sarta satria panengah Pandhawa, ewuh aya anggenipun nanduki.           

Keterangan: Iringan menjadi srepeg laras slendro pathet sanga. Pandhita Drona dan Raden Arjuna tampil dari gawangan kanan. Pandhita Drona tanceb di gawang kanan di debog atas, sedangkan Raden Arjuna di belakang Pandhit Drona pada debog bawah. Prabu Palgunadi dan Dewi Anggraini tanceb di gawang kiri pada ebog bawah. Iringan suwuk lalu ginem.

Drona: Anakku ngger Palgunadi. Sira bakal menyang ngendi ngger?.

Palgunadi: Dhuh Bapa Panembahan, kula nedya wangsul dhumateng Negari kula Paranggelung, karana kula sanest rah saking wangsa kuru.

Drona: Ora ngger ora. Sejatine Bapa iki mau amung nodhi sepira antebing tekadmu anggone kepingin dadi siswa paguron sokalima.

Palgunadi: Dados sakmenika kula dipun tampi, suwita wonten Paguron Sokalima?

Drona: Iya ngger. Sira wus tak tampa dadi siswa Sokalima.

Palgunadi: Adhuh, ngaturaken gunging panuwun Bapa.

Keterangan: Iringan menjadi Sampak Laras Slendro Pathet Sanga. Iringan suwuk lalu ginem.

Drona: Iya-iya ngger. Yen sira wus tak tampa dadi siswa Sokalima, apa paitane anggone dadi siswa?.

Palgunadi: Inggih. Paitanipun tiyang suwita dados siswa menika ngestokaken dhawuhipun dwija, sarta saget ngregani dhumateng padha-padhaning siswa.

Drona: Saiki yen kowe pancen bekti marang Pandhita Drona, umpama bandhamu tak jaluk, apa sira saguh ngulungake?.
Palgunadi: Inggih kula sagah.

Drona: Bagus. Saiki aku takon. Sira darbe kaluwihan babagan olah kridhaning jemparing saka sapa ngger?.

Palgunadi: Adhuh Bapa, sejatosipun kula namung gegladhen satengahing wana ing wewengkon Nisadha, ngantos kula rumaos sayah lajeng katileman. Jroning supena kados kepanggih paduka lajeng paring kanugrahan wujuding cincin sesotya nimpal ingkang wonten jempol tengen kula menika.

Drona: Yen umpama sira wenehake muridku Arjuna, apa sira saguh ngulungake.

Palgunadi: Adhuh Bapa, menika sesambetan kalihan gesang kula piyambak.

Drona: Yen kowe ora saguh, balia marang Parangggelung.

Keterangan: Iringan menjadi Sendhon Tlutur Laras Slendro Pathet Manyura, dilanjutkan Srepeg Tlutur Laras slendro Pathet Manyura. Drona kemudian mdientas kegawangan kanan. Iringan sirep dilanjutkan pocapan sebagai berikut.

Pocapan

            Gemeter sarirane. Riwe gunrojog sakojur anggane. Eling-eling cincin sesotya nimpal gegepokan klawan kasugengane sang Prabu Palgunadi. Kaya linolosan otot bebayune. Sinendhal ingkang kaplika, dhawah tibeng kisma dadya margining palastra, njerit sang Dewi Anggraini.

Anggraini: Adhuh sinuwun.

Keterangan: iringan menjadi Sampak Tlutur Laras Slendro Pathet Manyura. Dewi Anggraini kemudian memeluk jasat Prabu Palgunadi. Iringan suwuk dilanjutkan Ada-Ada Tlutur Laras Slendro Pathet Manyura lalu ginem.

Arjuna: Sang Dewi, kepriye kasugengane Prabu Palgunadi?.

Anggraini: Raden, sinuwun Prabu Palgunadi sampun dumugi palastra, karana cincin setyanimpal menika gegandhengan kalihan gesangipun kaka Prabu Palgunadi raden.

Arjuna: Adhuh. Apuranen dosaku sang Dewi. Aku ora nyana yenta kaya ngene dadine.

Keterangan: Iringan menjadi Sampak Tlutur Laras Slendro Pathet Manyura, kemudian sirep menjadi Srepeg Tlutur Laras Slendro Pathet Manyura.setelah sirep dilanjutkan ginem.

Anggraini: Sakmenika kula pasrahaken cincin setyanimpal dhumateng paduka. Kula sakmenika sampun mboten gadhah pangayoman raden. Kula pamit badhe wangsul dhateng Paranggelung kalihan layonipun kakang Prabu Palgunadi.

Arjuna: Sang dewi. Ingsun nedya nanggung perkara iki. Ora ates kurang trapsila, nanging gelema dak pundhut garwa, minangka kanggo nebus dosaku marang yayi Prabu Palgunadi.

Keterangan: Iringan Menjadi Sampak Tlutur Laras Slendro Pathet Manyura. Dewi Anggraini pindah tanceban dari debog bawah pindah di debog atas. Iringan suwuk lalu ginem.

Anggraini: Raden Arjuna, aja kaget yen tak jabel basaku. Jebul kaya mangkana kang dadi patrape panengah pandhawa. Kowe wus mateni garwaku, ngrebut piyandele sinuwun Prabu Palgunadi, banjur saiki nkowe arep ngobak-ngobak kasetyane Anggraini kanthi tembung nebus dosa, oh Arjuna Arjuna. Pinter temen anggonmu ngrengga tembung manis klawan wanita, nanging eling-elingen aku dudu wanita lelemeran.

Arjuna: Sang Dewi. Aku tumus lahir batin anggonku nebus kaluputanku. Ora ana ceceging rasaku ngumbar hawa napsu marang sliramu sang Dewi.

Anggraini: Bola-bali sipate wong lanang, tembunge manis ngarep nanging mawa darubeksi. Kowe wus ngejur-ngejur rasaku. Tinimbang aku suwita Arjuna, luwih becik aku suwita bantala.

Arjuna: Adhuh aja sang Dewi.

Keterangan: Iringan menjadi Sampak Tlutur Laras Slendro Pathet Manyura. Dewi Anggraini mencabut keris lalu bunuh diri. Jasad Dewi Anggraini kemudian bersandingan dengan Prabu Palgunadi. Iringan singget dilanjutkan Ketawang Puputpati Laras Slendro Pathet Manyura.  Gendhing kemudian sirep, dilanjutkan pocapan.

Pocapan.

            Sirna saking pandulu, mancat alam kamukswan manggih kaswargan jati. Nenggih Prabu Palgunadi sinisihan klawan ingkang garwa Dewi Anggraini. Cumlorot ing gegana dadya ndaru kartika. Minangka lambanging kasetyan. Ya setya mring guru sejati, ya setya mring garwa sejati. Kagyat Risang Arjuna kalingseman jroning galih.

Keterangan: Iringan menjadi Sampak Laras Slendro Pathet Manyura. Kayon kemudian tanceb di tengah kelir. Sebagai tanda pagelaran berakhir.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar